Minggu, 26 Desember 2010

Ing pundi Gusti Yesus sadangunipun tigang dinten antawis sedanipun lan wungunipun?

1 Petrus 3:18-19 mratelakaken, “Sabab Gusti Yesus uga wus nglampahi seda sapisan marga dosa kita kabeh, Panjenengane kang tanpa kaluputan kanggo wong-wong kang kaluputan, supaya kita pada bisa kasowanake marang ing ngarsaning Allah: Panjenengane kasedanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangake mungguh ing Roh, sarta ing sajroning Roh iku uga, Panjenengane tedhak ngundhangake Injil marang para roh ana ing pakunjaran.”


Perangan tembung “mungguh ing Roh,” ing ayat 18 saleresipun sami wangunipun kaliyan tembung “mungguh ing kadagingan.” Satemah punika katingalipun paling sae kangge nyambetaken tembung “roh” kaliyan alam ingkang sami kados dene tembung “kadagingan.” Daging lan roh punika kadagingan lan rohing Sang Kristus. Tembung-tembung “kagesangake mungguh ing Roh”, nedahaken dhateng kanyatan bilih Kristus nanggel dosa lan nglampahi seda punika misahaken rohing kamanungsanipun saking Sang Rama (Matius 27:46). Benten antawisipun daging lan roh, kados dene ing Matius 27:41 lan Rum 1:3-4, sarta sanes antawisipun kadaginganipun Kristus lan Roh Suci. Nalika panebusanipun Sang Kristus tumrap dosa sampun lunas, Roh Suci ndandosi sesambetan ingkang sampun risak.

1 Petrus 3:18-22 nerangaken perlunipun sesambetan antawisipun kasangsaranipun Kristus (ayat 18) lan kamulyanipun (ayat 22). Namung Petrus ingkang nyukani katerangan ingkang rinci bab punapa ingkang kadadosan antawis kalih prakawis punika. Tembung “ngundhangake” ing ayat 19 punika sanes tembung ingkan limrah ing Prajanjian Anyar kangge nerangaken bab nyariosaken bab injil. Sacara seratan tegesipun ngawentaraken wartos. Gusti Yesus nandang sangsara lan seda ing kajeng Salib, sariranipun kasedanan, lan Rohipun kasedanan awit Panjenenganipun kadamel dosa. Nanging Rohipun kagesangaken lan Panjenenganipun masrahaken dhumateng Sang Rama. Nocogi kaliyan Petrus, satunggaling wekdal antawis sedanipun lan wungunipun Gusti Yesus ngasta satunggal pranyatan ingkang mligi dhumateng “roh ing pakunjaran.”

Kangge miwiti, Petrus nedahaken dhateng tiyang-tiyang minangka “jiwa” lan sanes “roh” (3:20). Ing Prajanjian Anyar, tembung “roh” dipun ginakaken kangge nerangaken malaekat utawi iblis, sanes manungsa; lan ayat 22 katingalipun nyengkuyung teges punika. Ugi, ing Kitab Suci boten wonten kita nyariosaken bilih Gusti Yesus nuweni neraka. Lelakune Para Rasul 2:31 mratelakaken bilih Panjenenganipun tumedhak ing “Teleng palimengan” (New American Standard Bible/Kitab Suci pathokan enggal Amerika), nanging “Teleng palimengan” punika sanes neraka. Tembung “Teleng palimengan” nerangaken dhateng alaming pepejah, panggenan kangge sauntawis wekdal ing pundi tiyang sami nengga patangen. Wahyu 20:11-15 ing NASB (New American Standard Bible/Kitab Suci pathokan enggal Amerika)utawi New International Version/terjemahan enggal Internasional maringi benten ingkang cetha ing antawisipun bab kalih punika. Neraka punika panggenan ingkang langgeng tumrap paukuman. Teleng palimengan punika panggenan ingkang namung kangge sauntawis wekdal.

Gusti kita masrahaken Nyawanipun dhumateng Sang Rama, seda, lan ing satunggaling wekdal ing antawis seda lan wungunipun, tumedhak ing alaming pepejah ing pundi Panjenenganipun maringi wartos tumrap roh-roh supados (mbokmanawi malaekat ingkang dhawah; waos Yudas 6) ingkang kadospundi kemawon sesambetan kaliyan wekdal saderengipun banjir ing jamanipun Nuh. Ayat 20 damel sadaya punika dados cetha. Petrus boten nyariosaken dhateng kita punapa Panjenenganipun nerangaken dhateng roh-roh ingkang dipun kunjara, nanging punika boten saged dados satunggaling wartos panebusan awit malaekat-malaekat boten saged kawilujengaken (Ibrani 2:16). Punika mbokmanawi satunggaling pratelan kamenangan saking Setan lan rombonganipun (1 Petrus 3:22; Kolose 2:15). Efesus 4:8-10 ugi katingal nedahaken bilih Kristus tindak dhateng “swarga” (Lukas 16:20; 23:43) sarta nyawisaken papan ing swarga kangge sadaya tiyang ingkang pitados dhateng Panjenenganipun saderengipun Panjenenganipun seda. Perangan punika boten maringi cacah ingkang ageng sacara rinci bab punapa ingkang kadadosan, nanging meh sadaya sarjana ing Kitab Suci setuju bilih punika ingkang dipun tegesaken kaliyan “kajengipun pakunjaran nyepeng sok sintena ingkang purun dipun cepeng.”

Dados, sadaya punika nyariosaken, Kitab Suci boten nyariosaken sadayanipun kanthi cetha punapa ingkang katindakaken dening Kristus sadangunipun tigang dinten antawis sedanipun lan wungunipun. Katingalipun, langkung rumiyin, bilih Panjenenganipun mucal bab kamenangan saking malaekat ingkang dhumawah lan/utawi boten pitados. Punapa ingkang saged kita sumurupi supados pitados bilih Yesus boten maringi manungsa wekdal ingkang kaping kalih kangge kawilujengan. Kitab Suci nyariosaken dhateng kita bilih kita ngadhepi pangadilan sasampunipun pejah (Ibrani 9:27), sanes wekdal ingkang kaping kalih. Boten wonten satunggal kemawon wangsulan ingkang saestu cetha bab punapa ingkang dipun tindakaken Gusti Yesus ing wekdal antawisipun sedanipun kaliyan wungunipun. Mbokmanawi punika salah satunggal saking misteri ingkang badhe kita mangertosi ing wekdal kita saged nggayuh kabingahan.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar