Yesus boten nate kacathet ing Kitab Suci manawi ngandika kanthi cetha, “Aku iki Allah.” Punika boten ateges, kados pundia, bilih Panjenenganipun boten nerangaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah. Mendhet conto Sabdanipun Gusti Yesus ing Yokhanan 10:30, “Aku lan Sang Rama iku siji.” Ing panyawang wiwitan, punika katingal- ipun kados boten nerangaken punika Gusti Allah. Ewa semanten, sumangga mirsanana tanggapanipun tiyang Yahudi tumrap pangandikanipun Gusti Yesus punika, “Anggonku arep mbenturi Kowe iku ora marga panggawe kang utama, nanging marga anggonMu nyenyamah marang Gusti Allah, iya iku amarga Kowe iku manungsa kok madhakake awakMu karo Gusti Allah” (Yokhanan 10:33). Tiyang Yahudi mangertos pangandikanipun Yesus ingkang nerang-aken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah. Ing ayat salajengipun Yesus boten nate ngleresaken punapa ingkang dipun cariyosaken dening tiyang Yahudi, “Aku ora nerangake manawa Aku iki Allah.” Punika nedahaken bilih Yesus saestu ngandika Panjenenganipun punika Gusti Allah sarana katerangan, “Aku lan Sang Rama iku siji” (Yokhanan 10:30). Yokhanan 8:58 satunggaling conto sanes. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana!” Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengane; nanging Panjenengane ngoncati, sarta nilar Padaleman Suci (Yokhanan 8:59). Kenging punapa tiyang Yahudi badhe sami mbenturi Gusti Yesus kaliyan watu manawi Panjenenganipun boten ngandika bab ingkang dipun pitadosi dening tiyang Yahudi nyenyamah, nyamekaken, nerangaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah?
Yokhanan 1:1 nyariosaken makaten “ Sang Sabda iku Gusti Allah.” Yokhanan 1:14 nyariosaken makaten “Sang Sabda wus dadi daging.” Punika nerangaken kanthi cetha bilih Gusti Yesus punika Gusti Allah ingkang manjilma. Lelakone Para Rasul 20:28 nyariosaken dhateng kita, “Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang pada dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak.” Sinten ingkang ndarbeni pasamuwan kanthi rahipun piyambak? Gusti Yesus Kristus. Lelakone Para Rasul 20:28 nerangaken bilih Gusti Allah mundhut pasamuwan kanthi rahipun piyambak. Awit saking punika, Yesus punika Gusti Allah!
Tomas sakabatipun ngaturi Gusti Yesus, “Gusti sarta Allah kawula” (Yokhanan 20:28). Yesus boten ngleresaken piyambakipun. Titus 2:13 njurungi kita supados nengga rawuhipun Gusti lan Pamarta kita – Yesus Kristus (pirsani ugi 2 Petrus 1:1). Ing Ibrani 1:8, Sang Rama ngandika bab Gusti Yesus, “Nanging tumrap Sang Putra Panjenengane ngandika: “Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lan kaprabon Paduka punika lantaraning kaleresan.”
Ing kitab Wahyu, satunggaling malaekat paring dhawuh dhateng Rasul Yokhanan supados namung nyembah Gusti Allah (Wahyu 19:10). Ing sawetawis ayat Kitab Suci Gusti Yesus nampi panyembah (Matius 2:11; 14:33; 28:9, 17; Lukas 24:52; Yokhanan 9:38). Panjenenganipun boten nate ngutus tiyang supados nyembah Panjenenganipun. Manawi Yesus sanes Gusti Allah, Panjenenganipun mesthi ngandika dhateng para tiyang wau supados sampun nyembah Panjenenganipun, kados dene malaekat ing Wahyu. Wonten kathah ayat sanesipun lan bagian saking Kitab Suci ingkang nerangaken bab ka-allah-anipun Yesus.
Dasar ingkang paling wigatos bilih Gusti Yesus kedah dados Gusti Allah inggih punika manawi Panjenenganipun sanes Gusti Allah, sedanipun boten badhe badhe nyekapi kangge ngruwat paukuman dosaning jagad punika (1 Yokhanan 2:2). Namung Gusti Allah ingkang saged ngluwari paukuman tanpa wates. Namung Gusti Allah ingkang saged ngluwari dosaning jagad (2 Korinta 5:21), pejah, lan kawungokaken – mbuktekaken kamenanganipun saking dosa lan pepejah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar