Kamis, 23 Desember 2010

Sinten to Yesus Kristus punika?

Sinten to Yesus Kristus punika? Boten sami kaliyan pitaken, “Punapa Gusti Allah punika wonten?”, sakedhik sanget tiyang ingkang sampun nakekaken punapa Yesus Kristus punika wonten. Bab punika sacara umum katampi bilih Yesus saestu satunggaling tiyang ingkang lumampah ing lumahing jagad ing Israel meh 2000 tahun kapengker. Pawicantenan bab punika kawiwitan nalika bab sadaya jati-dirinipun Gusti Yesus karembag. Meh saben agama ageng mucal bilih Yesus punika satunggaling nabi, utawi guru ingkang pinter, utawi satunggaling tiyang ingkang saleh. Prakawisipun inggih punika, Kitab Suci nyuraosaken dhateng kita bilih Yesus punika sanget langkung sae katimbang nabi, guru ingkang pinter, utawi tiyang ingkang saleh.


C.S. Lewis ing bukunipun Mere Christianity nyerat kados makaten: “Ing mriki kula nyobi ngalang-alangi sok sintena saking pangucap bab ingkang saestu bodho bilih tiyang asring ngucapaken bab Panjenenganipun [Yesus Kristus]: “Kula wantun nampeni Yesus dados guruning kasusilan, nanging kula boten saged nampi panegesanipun bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah.” Punika satunggaling bab ingkang kedah kita sangkal. Satunggaling tiyang ingkang namung manungsa lan cariyos bab warni-warni, Gusti Yesus ngandika tiyang punika mboten saged dados guru kasusilan ingkang agung. Piyambakipun badhe dados edan -– ingkang sami kemawon kaliyan tiyang ingkang cariyos bilih piyambak-ipun punika tigan ingkang kagodog – utawi sanesipun piyambakipun badhe dados iblising neraka. Panjenengan kedah ndhawahaken pilihan. Salah satunggal tiyang punika, inggih punika, Putraning Allah, utawi sanesipun tiyang edan utawi bab ingkang langkung awon... Panjenengan saged ngunci piyambakipun karana bodhonipun, panjenengan saged ngidoni piyambakipun lan mejahi piyambakipun karana piyambakipun punika iblis; utawi panjenengan saged sujud ing sukunipun lan nyebat piyambakipun Gusti lan Allah. Nanging mangga kita boten sami mendhet pancasan punapa kemawon gandheng kaliyan panyengkuyung ingkang sajatosipun namung kosong menggah bab wontenipun tiyang ingkang dados satunggaling guru manungsa ingkang agung. Piyambakipun boten nyukani pilihan punika tumrap kita. Piyambakipun boten gadhah tujuan kados ngaten.”

Lajeng, Gusti Yesus nerangaken Panjenenganipun punika sinten? Sinten ta Panjenenganipun punika miturut Kitab Suci? Ingkang kapisan, mangga kita sami nyimak pangandikanipun Gusti Yesus ing Yokhanan 10:30, “Aku lan Sang Rama iku siji.” Wiwitanipun katingalipun punika boten sami kaliyan Gusti Allah. Nanging, ningali wangsulanipun tiyang-tiyang Yahudi dhateng punapa ingkang kapangandikakaken Panjenenganipun, “Anggonku arep mbenturi Kowe iku ora marga panggawe kang utama, nanging marga anggonMu nyenyamah marang Gusti Allah, iya iku amarga Kowe iku manungsa kok madhakake awakMu karo Gusti Allah” (Yokhanan 10:33). Tiyang Yahudi mangertos pangandikanipun Gusti Yesus ingkang nyamekaken Sariranipun kaliyan Gusti Allah. Ing ayat-ayat salajengipun, Yesus boten nate ngleresaken wangsulanipun tiyang Yahudi kanthi pangandika, “Aku ora madhakake karo Gusti Allah.” Punika mratandhani bilih Yesus saestu ngandika Panjenenganipun punika Gusti Allah kanthi ngandika, “Aku lan Sang Rama iku siji” (Yokhanan 10:30). Yokhanan 8:58 punika conto sanesipun. Paring wangsulane Gusti Yesus, “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana!” Malih, tanggapanipun tiyang-tiyang Yahudi lajeng sami mendheti watu kangge mbenturi Gusti Yesus (Yokhanan 8:59). Yesus nerangaken jatining Sariranipun dene “Aku” punika kapatrapaken saking Prajanjian Lawas ingkang nyebutaken Gusti Allah (Pangentasan 3:14). Kenging punapa malih tiyang Yahudi kepengin mbenturi watu Gusti Yesus manawi Panjenenganipun boten ngandika bab-bab ingkang dipun pitados dening tiyang Yahudi nyenyamah, inggih punika, nyamekaken kaliyan Gusti Allah?

Yokhanan 1:1 nyuraosaken makaten “Sang Sabda iku Gusti Allah” Yokhanan 1:14 nyuraosaken bilih, “Sang Sabda wus dadi daging.” Punika cetha nerangaken bilih Gusti Yesus punika Allah ingkang manjilma manungsa. Tomas sakabatipun Yesus punika ngaturi Gusti Yesus, “Gusti kawula tuwin Allah kawula” (Yokhanan 20:28). Yesus boten nglepataken piyambakipun. Rasul Paul nerangaken Panjenenganipun makaten, “.... Allah kang Mahaagung sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus” (Titus 2:13). Rasul Petrus nyuraosaken ingkang sami, “..Gusti Allah sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus” (2 Petrus 1:1). Gusti Allah Sang Rama nyeksekaken bab jatining Sariranipun Gusti Yesus ugi, “Nanging tumrap Sang Putra Panjenengane ngandika: “Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lantaran kaprabon Paduka punika lantaraning kaleresan.” Prajanjian lawas mecakake bab kaalahane Sang Kristus, “Amarga ana bayi kang wus miyos kanggo kita ana putra kang wus kaparingake marang kita, lambanging pamrentahan ana ing pamidhangane, lan asmane sinebut: Penasehat Elok, Gusti Allah kang prakosa, Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman.”

Lajeng, C.S. Lewis nyeksekaken, pitados dene Gusti Yesus punika guru ingkang sae sanes pilihan. Yesus saestu lan boten saged dipun sangkal malih bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah. Manawi Panjenenganipun punika sanes Gusti Allah, mila Panjenengan-ipun punika ngapusi, makaten ugi sanes nabi, guru ingkang sae, utawi tiyang ingkang saleh. Ing salebeting nyobi nerangaken pangandikanipun Gusti Yesus, para “sarjana” jaman samangke mastani “kayektosan bab sejarahipun Yesus” boten kathah ingkang nyariosaken bab-bab sipatipun Gusti Yesus ing Kitab Suci. Sinten ta kita punika dene bebantahan kaliyan Sabdaning Gusti Allah bab punapa ingkang kapangandikakaken punapa ingkang boten kapangandikakaken dening Gusti Yesus? Kadospundi “sarjana” ingkang jarakipun kalihewu tahun saking Gusti Yesus gadhah wawasan ingkang langkung sae ngantos dumugi punapa ingkang kapangandikakaken lan boten kapangandikakaken dening Yesus tinimbang tiyang ingkang gesang, ngladosi, lan dipun wucal dening Yesus piyambak (Yokhanan 14:26)?

Kenging punapa pitaken bab kayektosan jatining Sariranipun Gusti Yesus wigatos sanget? Kenging punapa dene bab punapa Yesus punika Gusti Allah dados kawigatosan? Alasan ingkang paling wigatos bilih Yesus kedah dados Gusti Allah inggih punika manawi Panjenenganipun sanes Gusti Allah, sedanipun boten badhe saged ngluwari dosaning jagad (1 Yokhanan 2:2). Namung Gusti Allah ingkang saged ngluwari paukuman tanpa wates (Rum 5:8; 2 Korinta 5:21). Yesus kedah dados Gusti Allah supados Panjenenganipun saged mundhati utang kita. Yesus kedah dados manungsa supados Panjenenganipun saged seda. Karahayon kacawisaken namun langkung pitados ing Gusti Yesus Kristus! Sipat ka-Allah-anipun Gusti Yesus inggih punika kenging punapa namung Panjenenganipun punika margining karahayon. Sipat kaalahanipun Gusti Yesus inggih punika bilih Panjenenganipun ngandika, “Aku ini dalane sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku” (Yokhanan 14:6).

Tidak ada komentar:

Posting Komentar